• SMK NEGERI 2 WONOSARI
  • Jati Diri Prestasi Harmoni

APEL BUDAYA KAMIS PAHING : Watak Kesatria : Nyawiji, Greget, Sengguh, Ora Mingkuh

Enjang punika, suryo kaping 26 Januari 2023 wonteng ing Lapangan Upacara SMK Negeri 2 Wonosari dipun wontenaken Apel Budaya. Adicara punika kagem ngeluri budaya jawa ingkang adi luhung saha ngresepaken. sedaya warga sekolah ngagem ageman jawi gagrak ngayogyakarta menawi pun tingali sanget ngresepaken.
pranata adicara pun pandegani saking siswa, ngegem basa jawi ingkang alus ananging lugas mboten ketingan kaku. mratandani bilih siswa SMK Negeri 2 Wonosari taksih ngugemi di luhungin budaya jawi.
Wonten ing adicara Pamedhar Sabda, sedaya siswa kidmat mirengaken sabda tama ingkang pun wedhar deneng Bapak Ahmad Darmadi pinangka Kepala Sekolah. Panjenenganipun beberaken sesorah babakan Watak Kesatria: Nyawiji, Greget, Sengguh, Ora Mingkuh. Falsafah meniko sae sanget menawi pun terapaken kagem para siswa ingkang nedeng sinau wonten ing pawiyatan.
Nyawiji/Sawiji : Ingang ngemu pangertosan Tansah saestu anggenipun nggegulang Ilmu kagem nggayuh cita-cita luhur. nyawiji ngagem adedasar TATAG, TETEG, TANGGUH, TANGGON, TANGGAP, TUTUG.
Greget : ingkang ngemu pangertosan tansah semangat ngadepi punapa kewawon saha tansah mantheng dumateng gegayuhan ingkang adi luhung.
Sengguh : para siswa kedah kagungan raos mongkok/percaya diri menawi piyambakipun kanggenan kaluwihan ingkang satuhu linangkung
Ora mingkuh ingkang ngemu werdi sikap mboten gampil pasrah dumaten kawontenan saha mboten ajrih ngadepi rubeda.
Kanthi gegondelan watak Satriya meniko Insya Allah siswa SMK Negeri 2 Wonosari saget ngayuh cita-cita luhur saha saget dados punjul ing apapak ing asanes.

Komentari Tulisan Ini
Tulisan Lainnya
SMK N 2 Wonosari Sabet Empat Kategori Juara di Kejuaraan Marching Band Internasional WAMSB 2025

Jakarta, 10 Agustus 2025 — Gita Buana, tim marching band dari SMK Negeri 2 Wonosari, berhasil menorehkan prestasi gemilang di kancah internasional. Dalam ajang World Association o

12/08/2025 07:13 - Oleh Administrator - Dilihat 177 kali
SMK Negeri 2 Wonosari Raih Medali Perak dan Medallion of Excellence di Ajang Lomba Kompetensi Siswa Tingkat Nasional

Wonosari – Prestasi membanggakan kembali diraih oleh SMK Negeri 2 Wonosari dalam ajang Lomba Kompetensi Siswa (LKS) tingkat nasional yang dilaksanakan pada 28 Juli hingga 1 Agustu

04/08/2025 18:48 - Oleh Administrator - Dilihat 185 kali
SMK NEGERI 2 WONOSARI SUKSES LAKSANAKAN PRAMAHISA #8

Wonosari, 21 Juli 2025 - Dalam rangka membentuk karakter, kepemimpinan, dan ketangguhan fisik siswa, SMK Negeri 2 Wonosari kembali menggelar kegiatan tahunan Pramahisa#8 yang berta

27/07/2025 17:14 - Oleh Administrator - Dilihat 226 kali
SMK Negeri 2 Wonosari Gelar

Wonosari, 4 Juni 2025 – SMK Negeri 2 Wonosari melakukan inovasi dalam pembelajaran dengan menyelenggarakan kegiatan "Berkarya Bersama Industri". Program ini menjadi projek dari te

04/06/2025 13:33 - Oleh Administrator - Dilihat 560 kali
SMK Negeri 2 Wonosari Gelar

Wonosari, 4 Juni 2025 – SMK Negeri 2 Wonosari melakukan inovasi dalam pembelajaran dengan menyelenggarakan kegiatan "Berkarya Bersama Industri". Program ini menjadi projek dari te

04/06/2025 13:30 - Oleh Administrator - Dilihat 530 kali