• SMK NEGERI 2 WONOSARI
  • Jati Diri Prestasi Harmoni

Apel Budaya Wonten SMKN 2 Wonosari Kaleksanan Kanthi Tertib lan Lancar

Wonosari, 31 Agustus 2026 — SMKN 2 Wonosari nglaksanani Apel Budaya ing dinten Senin, 31 Agustus 2026. Apel Budaya meniko kangge mengeti pengesahan UU No. 13 tahun 2012 babagan Keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kagiyatan ingkang kaleksanan wonten ing lingkungan SMKN 2 Wonosari menika dipunlampahi kanthi tertib, lancar, lan kebak semangat dening sedaya warga sekolah.

Apel Budaya menika dipunpimpin langsung dening Kepala SMKN 2 Wonosari, Bapak Ahmad Darmadi, S.Pd., M.Eng. Kagiyatan menika dipunrawuhi dening para guru, saha para siswa SMKN 2 Wonosari.

Apel Budaya dados salah satunggaling sarana kangge nuwuhaken saha ngiyataken rasa tresna para siswa dhumateng kabudayan bangsa. Kajawi punika, kagiyatan menika ugi minangka wujud nyata saking upaya sekolah kangge nglestantunaken budaya lan nilai-nilai luhur ingkang sampun dados warisan para leluhur.

Kepala SMKN 2 Wonosari, Bapak Ahmad Darmadi, S.Pd., M.Eng., ngandharaken bilih kanthi wontenipun Apel Budaya ing dinten meniko mugi saget dados pepiling bilih kulo lan panjenengan sami meniko lahir lan gesang wonten ing wilayah Ngayogyokarto Hadiningrat ingkang nggadai mapinten pinten keistimewaan khususipun ing babagan karakter ugi unggah ungguh. Wonten ing babagan Pendidikan dipun wujutaken kanthi wontenipun Pendidikan Khas Kejogjaan utawi PKJ. Kathah nilai-lilai luhur ingkang saget kito terapaken. Ing antawisipun nilai utawi karakter hamangku, hamengku hamangkoni, pamenthanging gandewa pamentenging cipto, sawiji greget sengguh ora mingkuh, golong gilig, mangasah mingisingh budi memasuh malaning bumi lan sanes sanesipun.

Kanthi kaleksananipun Apel Budaya menika, dipunajab sedaya warga SMKN 2 Wonosari saged tansah njagi lan nglestantunaken kabudayan ing gesang padintenan. Semangat nguri-uri budaya dipunajab saged dados pérangan saking pambentukan karakter siswa ingkang unggul lan gadhah kapribaden luhur.

Kagiyatan Apel Budaya ing SMKN 2 Wonosari ing dinten menika saged kaleksanan kanthi aman, tertib, lan lancar. Kagiyatan menika ugi dados momentum kangge ngiyataken komitmen sekolah ing babagan pelestarian budaya saha pambentukan karakter generasi mudha ingkang tresna dhumateng budaya bangsa.

Komentari Tulisan Ini
Tulisan Lainnya
BKK SMK Negeri 2 Wonosari Gelar Seleksi Ekstrakurikuler Bahasa Jepang, Diikuti 106 Siswa Kelas XI

Wonosari – Bursa Kerja Khusus (BKK) SMK Negeri 2 Wonosari menyelenggarakan kegiatan seleksi ekstrakurikuler Bahasa Jepang pada Sabtu, 3 Oktober 2025. Kegiatan ini diikuti oleh 106

05/10/2026 07:55 - Oleh Administrator - Dilihat 105 kali
Smart Smakadano, Inovasi KIR Digital Mobile untuk Mempercepat Layanan Informasi Aset di SMKN 2 Wonosari.

Wonosari  2 September 2026, Dalam rangka mendukung digitalisasi layanan administrasi sekolah, SMKN 2 Wonosari menghadirkan inovasi Smart Smakadano (KIR Digital Mobile). Aplikasi se

02/10/2026 08:37 - Oleh Administrator - Dilihat 178 kali
SMKN 2 Wonosari Perkuat Sinergi dengan Dunia Industri Melalui Penandatanganan MoU Bersama APINDO Gunungkidul

Wonosari — SMK Negeri 2 Wonosari kembali mengambil langkah strategis dalam memperkuat mutu pendidikan vokasi dan memperluas jejang penyerapan lulusan. Pada hari Rabu, 9 September

10/09/2026 06:53 - Oleh Administrator - Dilihat 354 kali
SMKN 2 Wonosari Gelar Rapat Pengimbasan Penguatan SIMPEN

SMK Negeri 2 Wonosari menggelar Rapat Pengimbasan Penguatan SIMPEN sebagai langkah strategis dalam mengakselerasi tata kelola sekolah berbasis digital dan meningkatkan mutu layanan pend

08/09/2026 13:30 - Oleh Administrator - Dilihat 287 kali
SMKN 2 Wonosari Gelar Rapat Pengimbasan Penguatan SIMPEN

SMK Negeri 2 Wonosari menggelar Rapat Pengimbasan Penguatan SIMPEN sebagai langkah strategis dalam mengakselerasi tata kelola sekolah berbasis digital dan meningkatkan mutu layanan pend

08/09/2026 13:29 - Oleh Administrator - Dilihat 284 kali